Februari 12, 2011

GEGURITAN KUNO


GEGURITAN KUNO

Angsulip baswara anggawa duka
Tumlusup neng ati
Tanpa kena diwaleri
Sansaya wengi ,,
Nglengga sansaya ndadi
Sepi sepining diri

Dun ,wong bagus
Ngertiya
Nglengganianing jawa
Kalenagan rasa mencari dina-dina
Tanpa ngerti,
Nengdi teba ngendi wewanang
Aku isih kelingan
Nalika ing plataran
Nyawang rembulan bebarengan
Nitiki wengi ngitungi lumintang
Sumebyar padhang ing lelangitan
Aku ngerti,
Aku uga mung tansah ngelakoni
Garising pepesthen kang wus dumadi
Amung siji tan dadi sesanti
Ugeming janji dak anti-anti
13-oktober-1993ss

www.harsantos.blogspot.com

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

HARAF TIDAK MENGOMENTAR YANG TIDAK BAIK